Dalan
Randhu
Mlaku napaki dalan Randhu
Ora udan ora panas
Ora awan ora wengi
Delengen lan sawangen
Ramene dalan krasa sepi
Cumlorote surya nembus tumekaning
balung
Tetesing kringet ora dirasakake
Sapa
Sapa kang bakalan gelem
Andhum asih marang dheweke
Lambene kang mripik nggambarake rasane
Lakune sansaya lena
Katon bingung anggone mlangkah
Napaki sadawaning dhalan Randhu
Kaserat dening
Kanca Cilik
Tidak ada komentar:
Posting Komentar