Kamis, 14 April 2016

A      M      B      A      L

Sopo nyono, sopo ngiro
Pesisir Ambal nyimpen ambenging nagoro
Sopo nyono, sopo ngiro
Bumi Poerbonegoro dadi lumbung pusoko
Sopo nyono , sopo ngiro
Ambal dadi segoro amarto
Sate pitek,sambel tempe kang dadi nyamikane
Wayang menak iku budayane, Ki Basuki sing dadi dalange
Balapan jaran  tekan grebeg dadi tradisi badanane
Bongkoan, suran lan sadranan iku slametan rakyate
Among-among, kepungan lan kendurenan iku pengraket siji lan liyane
Gotong royong, sambatan lan kerigan kanggo mbangun desane
Kraton Ngayojo-Surokarto iku dulur tuwone
Segoro kidul kang dadi lebuh platarane
Jatimalang tekan Jatijajar iku panggonane
Saka Jogoboyo tekan kali bodo iku watese
Urut Sewu Ambal iku jenenge
Pangeran Poerbonegoro iku Rojone.


Yogyakarta, 05 April 2016 M
27 Jumadil Akhir 1437 H


Lusino

Tidak ada komentar:

Posting Komentar